Sunday, October 2, 2011

Meteor Garden : Jika Meminta Maaf Berguna, Buat Apa Ada Polisi!


Kelingan jaman mbiyen nalikane egen bujang, antarane tahun 2002 tekan 2003. Wektu semono nang TV Indosiar nyetel sinetron seka Taiwan sing judule Meteor Garden.


Bintang-bintang film sing main apale ya mung F4 karo San Cai, Ora ngerti jeneng asline San Cai, sing Jelas bocahe cilik. La salah siji pemerane sing lanang jenenge To Ming Se sing kadang diplesetna dadi Tolong Mingkem Sedikit.


Salah Sewijine adegan nang sinetron kuwe yaiku omongan sing nek dipikir pol eram nohok yaiku "Jika meminta maaf itu berguna, buat apa ada polisi?"


Rasane si kata-kata kuwe biasa bae, ding wingi badanan nyonge njut mikir, nek badanan kae kan uwong pada ngapura-ngapuranan. Nek dipikir-pikir maning ya bener omongane bintang Meteor Garden kuwe. Nek njaluk ngapura njut masalah rampung, ya njaluk ngapura bae. Koruptor-koruptor njaluk ngapura terus masalahe rampung, hehehe penak timen?


Dadi kesimpulane njaluk ngapura utawane ora, sing dijaluki ngapura ngewei ngapura utawane ora. Kabeh kuwe mau ora bakal ngubah masa lalu, bahasa sing luwih padang mblentang maning nek sing jenenge ngapura-ngapuranan kuwe TIDAK MERUBAH APA-APA.


Tapi ana tulisan nang Studi Filsafat sing nulis Memafkan memang tidak merubah apa-apa tapi dia melapangkan jalan bagi yang memaafkan. hehe, malah iki tulisane tambah nglantur.


Nek dipikir jaman siki drama Meteor Garden rasane elek, tapi ana kenangane jaman semono Meteor Garden bener-bener booming.


Sedulur sing pingin ndeleng maning soundtrak Meteor Garden bisa ditonton nang You Tube.


Kredit gambar : Wikipedia


Powered by Qumana


Olá! Se você ainda não assinou, assine nosso RSS feed e receba nossas atualizações por email, ou siga nos no Twitter.
Nome: Email:

0 comments:

Post a Comment